Full Text: Ratu Tawon
One story, four ways to read it
Every story comes in its original version plus several simplified reading levels, so it grows with your child.
The original text is the full story with rich vocabulary and descriptive language, ideal for reading aloud together and for kids who are ready for longer sentences.
The simplified levels retell the same story in shorter, simpler sentences matched to your child's stage. Ages 2-6 uses a few short sentences per scene, perfect for first time readers. Ages 4-8 adds simple dialogue and everyday vocabulary for kids beginning to follow along. Ages 6-10 keeps the language accessible while bringing back more of the story's detail, a natural bridge to the original.
Start at the level where your child is comfortable, and move up when they're ready. Hearing the same story told in richer language each time is one of the best ways to build vocabulary in any language.
Original Text: Ratu Tawon
Sawijining raja kagungan putra tetiga. Kalih saking putra kasebat nengsemake, pinter, lan bagus. Nanging, kekalihipun kesed, lan namung mikiraken dhiri pribadinipun piyambak, mboten nate peduli kaliyan kasekecan utawi kabingahanipun tiyang sanes. Kekalihipun kagungan rayi kakung ingkang asmanipun Alexander, ingkang anteng lan alus budine. Kekalih rakanipun asring nggujeng piyambakipun.
"Kowe kebangeten lugu kanggo bisa kasil ing donya iki," ucapipun kekalihipun.
Ing sawijining dina, sedulur telu iku miwiti lelungan bebarengan. Dheweke kabeh durung mlaku adoh nalika tekan ing gundukan semut.
"Ayo padha munggah ing gundukan semut iki," omonge kakang pembarep. "Mesti nyenengake nyawang semut-semut sing padha wedi mlayu mrana-mrene nggawa endhog-endhoge."
"Aja, aja," omonge Alexander, "umbarna wae semut-semut cilik iku urip tentrem. Geneya awake dhewe kudu meden-medeni?"
Dheweke kabeh ninggalake gundukan semut iku tanpa ngrusak, lan padha lunga.
Ora suwe dheweke kabeh tekan ing sawijining tlaga. Akeh bebek lagi nglangi ing banyu. Banjur kakang kapindho kandha,
"Ayo, padha mbalang watu marang bebek-bebek sing apik iki."
"Ora," kandhane Alexander, "aja nglarani dheweke. Awake dhewe ora mbutuhake dheweke kanggo panganan. Dadi ngapa awake dhewe kudu njalari dheweke rasa lara lan tatu?"
Dadi, dheweke kabeh nglilakake bebek-bebek iku nglangi ing tlaga. Dheweke kabeh terus mlaku nganti tekan ing sarang tawon ing sawijining wit.
"Ayo kita nguripake geni," kandhane kakang sing paling tuwa. "Kebule bakal nyegah tawon-tawon iku ngentup kita. Banjur kita bisa njupuk madune."
Nanging Alexander nyegah dheweke.
"Aja gawe geni. Ngapa kita kudu ngrampok sarang tawon iku? Kita ora luwe, lan kita ora bisa nggawa madu iku bareng kita."
Sepisan maneh, dheweke kabeh ngrungokake kandhane, sanajan dheweke kabeh ngomong,
"Kowe iku wong sing apes lan konyol."
Dheweke kabeh banjur terus mlaku.
Pungkasanipun, piyambakipun sedaya dumugi ing satunggaling kastil ingkang ageng. Kastil punika kadamel saking sela, lan sedaya barang ingkang dipun tingali, ugi kuda-kuda ing kandhang, wujudipun sela.
Sadherek wau nglangkungi ruangan satunggal baka satunggal. Piyambakipun sedaya mboten ningali tiyang jaler, tiyang estri, utawi lare-lare, namung reca-reca sela.
Pungkasanipun, piyambakipun sedaya dumugi ing satunggaling kori, nglangkungi bolongan ing kori punika piyambakipun sedaya ningali satunggaling tiyang jaler alit warni awu-awu. Piyambakipun sedaya nothok kori. Tiyang jaler wau jumeneng, mbikak kori, maringi tetedhan lan nedahaken satunggaling kamar kagem piyambakipun sedaya tilem. Nanging piyambakipun mboten wicanten sanadyan namung saklimah.
Enjingipun, piyambakipun nedahaken satunggaling meja sela ingkang kaserat tigang tugas. Menika tugas-tugas ingkang kedah dipuntindakaken dening saben tiyang ingkang dhateng kastel.
Ingkang sepisan inggih menika:
"Ing salebeting lumut ing sakiwa-tengenipun kastel, sumebar sewu mutiara. Sedayanipun kedah dipunpanggihaken ing wekdal sedinten. Sinten kemawon ingkang nindakaken menika badhe mbebasaken kastel saking mantranipun. Sinten kemawon ingkang nyobi lan gagal badhe dipundadosaken sela nalika srengenge surup."
Kakang pambarep maca tembung-tembung iki lan enggal miwiti nggoleki mutiara-mutiara iku. Dheweke nggoleki sedina muput. Nanging nalika srengenge surup dheweke mung nemokake satus. Mula dheweke didadekake watu.
Esuke kakang kapindho miwiti panggolekane. Dheweke miwiti sadurunge padhang, nggoleki ing sangisore cahya rembulan. Nanging nalika srengenge surup dheweke mung nemokake rong atus mutiara. Mula dheweke, uga, didadekake watu.
Saiki gilirane Alexander. Dheweke nggoleki lan nggoleki, nanging dheweke mung nemokake mutiara sakgegem. Nalika srengenge meh surup, Alexander sing mesakake nibakake permata-permata iku lan wiwit nangis. Nalika dheweke nangis, teka marani dheweke semut-semut sing omahe wis dislametake dening dheweke.
"Sugeng siyang, kanca Alexander," omonge dheweke kabeh, "Biyen kowe wis nindakake kebecikan marang aku kabeh. Saiki aku kabeh bakal mbales budimu."
Mrono-mrene ngliwati lumut, semut-semut cilik iku mlaku. Siji-siji muncul nggawa sawijining mutiara sing diselehake ing ngarepe. Banjur dheweke kabeh mulih tanpa ngenteni ucapan panuwune.
Kanthi bungah banget, Alexander nggawa mutiara-mutiara iku menyang kastil. Banjur wong tuwa klawu iku nuding menyang meja watu. Ing kono Alexander maca tugas kapindho.
"Kunci kamar para putri ana ing ngisor lendhut lan banyu tlaga gedhe iki. Kunci iku kudu ditemokake lan lawange dibukak."
"Ah!" pikire Alexander, "iki bab sing ora bakal bisa tak lakoni. Ora ana manungsa ing bumi sing bisa nyilem cukup jero kanggo nemokake kunci cilik sing ilang ing tlaga sing gedhe."
Piyambakipun medal lan jumeneng ing pinggir tlaga, lan eluh mripatipun tumetes ing toya biru. Lajeng bebek-bebek ingkang sampun dipunslametaken dhateng nglangi ing sacedhak sukunipun. "Sampun sedhih sanget, kanca Alexander," wicantenipun. "Panjenengan sampun nylametaken kula sedaya. Sakmenika giliran kula sedaya kangge nylametaken panjenengan."
Mandhap dhateng dhasar tlaga piyambakipun sedaya nyilem. Pungkasanipun setunggal bebek jumedhul mbeta kunci ing cucukipun.
Alexander mendhet kunci wau lan mbikak kunci lawang kamar para putri. Ing ngrika piyambakipun sedaya gumlethak, tetiganipun sare kanthi pules.
Sakmenika tiyang jaler alit klawu menika nedahaken Alexander dhateng tugasipun ingkang pungkasan, ingkang paling angel saking sedayanipun.
"Mlampaha dhateng kamar papan tetiga putri nembe sare. Piyambakipun sedaya katingal mirip sanget saengga ibunipun piyambak mboten saged mbedakaken setunggal lan sanesipun. Sampeyan kedah nggugah ingkang paling enem lan paling dipuntresnani. Saderengipun sare, ingkang pembarep dhahar sakedhik gendhis, ingkang kaping kalih sakedhik sirup, lan ingkang ragil sesendhok madu."
Nanging kados pundi Alexander saged ngertos sinten ingkang sampun dhahar madu menika? Piyambakipun jumeneng ningali para putri. Piyambakipun sedaya katingal mirip sanget setunggal lan sanesipun kados wewayanganipun ing pangilon ingkang mirip kaliyan piyambakipun.
Pas ing wekdal menika, mabur mlebet dhateng kamar, ratu tawon saking susuh ingkang sampun piyambakipun slametaken. Piyambakipun mabur dhateng putri-putri raja lan mbrengengeng saking setunggal dhateng sanesipun:
"Buzz, buzz", piyambakipun mbrengengeng ing sakiwa tengenipun para putri.
Lajeng piyambakipun wiwit nyedhot madu saking lathinipun salah setunggal saking piyambakipun sedaya. Kanthi mekaten Alexander ngertos bilih menika ingkang ragil, lan piyambakipun nggugah putri menika.
Nalika dheweke mbukak mripate, kastil iku bebas saka mantrane. Putri-putri liyane padha tangi, lan jaran-jaran sarta wong-wong bali menyang wujude dhewe-dhewe maneh.
Banjur sang raja paring marang Alexander separo saka kerajaane, lan putri ragile minangka penganten. Kakangne sakloron nikah karo putri-putri liyane. Dheweke kabeh wis sinau saka Alexander yen luwih becik dadi wong sing prasaja lan apik atine tinimbang pinter lan ora apik.
